Wb/jv/Dolanan/Dolanan tanpa tembang/Gangsing

From Wikimedia Incubator

Gasing, gangsing, gangsingan, gasingan utawa kèkèhan, iku padha waé. Gangsing digawé seka pring utawa kayu. Ing tengah-tengahé ana bolongan cilik. Bolongan mau bakal muni sero yèn gangsing diputer mubeng.

Ana rong jenis dolanan gangsing iki. Sing paling aman yaiku suwé-suwénan mubeng. Nèk kepingin luwih nantang yaiku diadu. Ing antarané gangsing mau diadu lan sapa sing gangsingé pecah utawa rusak, ya kuwi sing kalah.

Banggalan[edit | edit source]

Adu gasing diarani banggalan. Carané, wiwitan para pamain ngubengake gasing bebarengan, sing mandheg dhisik puteran gasingé kalah banjur dadi asor, yakuwi muter gasing kanggo dibanggal. Gasing utawa kèkèhan sing dianggo banggalan biasané ing sisih ngisor dipasangi paku kanggo ngrusak (yèn bisa malah mecahaké) kèkèhan sing dibanggal.