Wb/jv/Crita Rakyat/Timun Emas

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Crita RakyatWb > jv > Crita Rakyat > Timun Emas
Jump to navigation Jump to search

TIMUN EMAS
Crita Rakyat saka Jawa Tengah

Biyèn ing tlatah Jawa Tengah ana sawijining randha sing wis sepuh, jenengé Mbok Rondo. Panggawéané mung golèk kayu ing alas. Wis suwé banget Mbok Rondo péngin duwé anak. Nanging piyambaké mung randha miskin lan wis sepuh. Apa bisa duwé anak?

Ing sawijining dina, sawisé nglumpukaké kayu ing alas, Mbok Rondo lèrèn lungguh sambi nguda rasa.

“Yèn aku nduwé anak, sangganing uripku bakal rada ènthèng amarga ana sing ngréwangi nyambut gawé”

Ujuk-ujuk bumi gonjang-ganjing, kaya ana lindhu. Ing sangarepé Mbok Rondo muncul raseksa sing awake gedhé banget lan praupané medèni. Mbok Rondo wédi banget.

“He.. Mbok Rondo, kowé péngin anak, ya? Aku bisa ngabulaké pepénginanmu,” pocapané raseksa mau kanthi swara sero gumleger. “Ndak iya?” pitakoné Mbok Rondo. Rasa wediné wiwit ilang.

“Bener.. nanging ana saraté. Yèn anakmu wis umur 16 taun, kowé kudu ngekèkaké aku. Anakmu bakal tak dadèkaké panganku” wangsulané raseksa iku.

Amarga adrenging pepénginané supaya bisa duwé anak, Mbok Rondo ora menggalih dawa. Sing wigati énggal duwé anak. “Yoh, aku ora kabotan,” wangsulané Mbok Rondo.

Banjur, Raseksa iku mènèhi wiji timun marang Mbok Rondo. Mbok Rondo banjur énggal mulih lan nandur winih iku ing kebon mburi omah.

Saben dina Mbok Rondo ngecori wiji timun iku. Ajaib! Sawisé rong minggu, tetanduran iku wis metu wohé. Wohé akèh banget.

Ing antarané woh-woh timun sing tuwuh mau, ana siji sing gedhé banget. Wernané semu kuning. Yèn kena sunaring srengéngé, woh iku sumunar kaya emas. Merak ati banget timun sing paling gedhé iku saéngga Mbok Rondo banjur methik lan nggawa timun iku mulih.

Tekan njero ngomah, Mbok Rondo njupuk péso lan ngiris woh mau. Timun dibukak kanthi ngati-ati. Ajaib! Jebulé ana bayi wadon sing ayu banget.

“Ah, jebulané raseksa kaé ora ngapusi! Saiki aku nduwé anak wadon temenan. Adhuh senengé atiku.”

Mbok Rondo seneng banget banjur njenengi bayi iku Timun Emas.

Dina, wulan, lan taun gumanti. Timun Emas dadi kenya sing mranani. Banget tresnané Mbok Rondo marang Timun Emas. Ing sawijining dina, Mbok Rondo lan Timun Emas siap-siap menyang alas kanggo nggolèk kayu. Dumadakan… bum, bum, bum, bumi gonjang-ganjing banjur ana swara guyu kang sora.

“He… Mbok Rondo, metua! Aku mréné arep nagij janji,” jaré raseksa iku.

Mbok Rondo gemeter, banjur gagé ngekep Timun Emas lan ngisiki supaya ndelik ing longan. Mbok Rondo banjur metu, nemoni raseksa iku.

“Aku ngerti, tekamu mréné kanggo njupuk Timun Emas. Wènèhana aku wektu rong taun manèh. Yèn Timun Emas tak wènèhaké saiki, rasané during patiya enak dipangan. Awaké isih cilik.”

“Hmm, bener bener kandhamu. Rong taun manèh aku bakal mréné. Yèn ngapusi, kowé bakal tak emplok sadhegan,” wangsulané raseksa iku nggenggirisi.

Sambi ngguyu raseksa iku lunga saka omahé Mbok Rondo. Mbok Rondho rumangsa legal an banjur mlebo ngomah nyeraki anaké sing isih ndhelik ing longan. “Anakku, metua. Raseksa iku wis lunga,” kandhané Mbok Rondo.

“Kula wau mireng ngendikanipun Ibu kaliyan raseksa punika. Pranyata raseksa punika péngin mangan kula,” tembungé Timun Emas.

“Bener, anakku. Nanging, ibu ora lila kowé dadi pangané raseksa iku,” tangisé Mbok Rondo sambi ngekep Timun Emas.

Rong taun sabanjuré, Timun Emas wis diwasa. Pasuryané tansaya ayu. Mbok Rondo tansaya kuwatir yèn kèlingan janjiné marang raseksa.

Ing sawijining wengi, nalika Mbok Rondo turu, Mbok Rondo krungu swara gaib ing impèné. “He… Mbok Rondo, yèn kowé péngin anakmu slamet, nyuwuna bantuwan marang sawijining resi sing semedi ing wukir Gandul.” Ésuké, Mbok Rondo lunga menyang wukir Gandul. Ing kana Mbok Rondo ketemu marang resi sing semedi ing wukir. Resi iku mènèhi patang wungkusan cilik sing isiné wiji timun, dom, uyah lan trasi.

Sanajan rada bingung, Mbok Rondo nampa wungkusan-wungkusan iku. Sang resi nggenahaké kasiyat barang-barang iku.

Sawisé tekan ngomah, Mbok Rondo nyritakaké apa kang diwènèhaké resi iku marang Timun Emas. “Anakku, wiwit saiki, kowé ora prelu kuwatir. Kowé ora prelu wedi marang raseksa iku, amarga kowé wis duwé penangkalé. Sing sregep sembayang, supaya Gusti kang murbèng dumadi tansah ngayomi lan nylametaké kowé,” pituturé Mbok Rondo.

Nalika Mbok Rondo gèk ndondomi klambi kanggo Timun Emas, dumadakan bumi gonjang-ganjing tengering raseska teka.

“Ho… ho… ho… endi Timun Emas! Ayo, cepet wènèhna aku. Aku wis ngelih banget! ujaré raseksa kanthi swara gumleger.

“Iya, Timun Emas tak ajaké metu,” wangsulané Mbok Rondo.

Mbok Rondo énggal mlebu ngomah. Wungkusan saka sang residijupuk lan banjur diwènèhaké marang Timun Emas.

“Anakku, gawanen wungkusan iki. Metua lan lungaa liwat lawang mburi sadurungé raseksa iku nyekel kowé.”

“Inggih Mbok,” Timun Emas gagé mlayu liwat lawang mburi.

“Mbok Rondo, endi Timun Emas?!” pitakoné raseksa iku katon ora sabar.

“Apuranen aku, Raseksa. Timun Emas jebulé wis lunga.”

“Apa kandhamu?” raseksa katon saya nesu.

Nanging amarga kasektèné, raseksa iku bisa weruh Timun Emas sing gèk mlayu lunga. Tanpa guneman manèh, raseksa langsung ngoyak Timun Emas.

“Sanajan mlayu menyang pucuking donya, aku mesthi bisa ngoyak kowé!” Bengoké raseksa.

Amarga mlayu terus, Timun Emas wiwit kesel. Ing kahanan kang kepèpèt, Timun Emas kèlingan wungkusan saka sang resi.

Timun Emas gagé nyebar wiji timun, ajaib wit timun langsung tuwuh ketel banget lan wohé gedhé-gedhé. Raseksa mandheg nalika weruh woh timun ing sangarepé. Kanthi nggragas, raseksa mangan woh-woh timun mau nganti ora ana sisané.

“Ha… ha… ha… woh timun iki bisa nambah tenagaku,” kandhané raseksa.

Sawisé wareg, raseksa iku ngoyak Timun Emas manèh. Wektu iku uga, Timun Emas mbukak wungkusan lan nyebaraké dom ing lemah. Ajaib temenan, dom dom iku malih dadi alas pring sing rengket.

Raseksa ngupaya nimbus alas pring mau. Nanging awake lan sikile padha krasa lara amarga kebelèr lan katusuk pring sing tugel. Sanajan mangkono, raseksa terus mlaku lan kasil ngliwati alas pring. Raseksa terus ngoyak Timun Emas.

“Hei, Timun Emas, kowé ora bakalan bisa uwal!” bengoké raseksa banjur dhungkluk lan nyoba nyekel Timun Emas. Timun Emas mlumpat ngèndhani kanthi trengginas. “Oh, mèh waé aku kecekel,” Timun Emas menggos-menggos. Kringet wiwit nelesi awake. Timun Emas kèlingan marang wungkusan paringané sang resi mung kari loro. Isiné uyah lan trasi.

Timun Emas gage mbukak wungkusan uyah. Uyah disebaraké ing saceraking raseksa. Sanalika uyah malih dadi laut.

Raseksa iku kaget banget, amarga dumadakan awake kajegur ing laut. Nanging amarga kasektèné, raseksa kasil mbluru minggir. Raseksa ngoyak Timun Emas manèh.

Rumangsa dinggo dolanan, raseksa saya nesu. “Bocah kurang ajar! Yèn kecekel, kowé bakalan langsung takuntal!”

Timun Emas saya kuwatir amarga raseksa kasil ngliwati laut sing amba banget iku. Nanging, Timun Emas ora banjur nglokro lan terus mlayu sanajan wis kesel banget. Raseksa terus waé anggoné ngoyak Timun Emas.

Timun Emas nguncalaké isi wungkusan si kèri dhéwé. Trasi langsung disebaraké ing sangarepé raseksa. Sanalika dumadi laut lendhut panas.

Raseksa kaget banget. Sedhilit waé awake kasedhot laut lendhut panas iku. Kanthi manéka upaya, raseksa nylametaké dhiri. Nanging upayané siya-siya. Awaké alon-alon kasilep ing dhasaring laut lendhut.

“Timun Emas, tulungana aku! Aku janji ora bakal mangan kowé,” swarané raseksa njaluk pitulungan.

Nanging lendhut panas iku nglelepaké awaké raseksa. Saiki Timun Emas bisa seneng amarga slamet saka bebaya maut.

Timun Emas gagé mlaku menyang omahé. Saka kadohan katon Mbok Rondo mlayu nyeraki Timun Emas. Mbok Rondo nguwatiraké keslametané anaké.

“Matur nuwun dhuh Gusti, Panjenengan tasih ngreksa anak kula,” ujaré Mbok Rondo.

Bebarengan, Mbok Rondo lan Timun Emas banjur mulih kanthi gambiraning ati.