Wn/jv/Maret 2008

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Maret 2008

22 Maret - Ma Ying-jeou, kandidat Kuomintang, menangaken Pemilihan Presiden ing Taiwan, Republik China.(AP)

20 - Yves Leterme dipunlantik dados Perdana Menteri Belgia sasampunipun mangsa formasi 9 sasi.

19 - Penulis fiksi èlmiyah lan ngèlmuwan kondhang Inggris, Arthur C. Clarke, séda ing Sri Langka mawa yuswa 90 taun. (BBC News)

16 - Dinten Riyadi Minggu Palem kanggé umat Kristen.

14 - Gègèr ing Tibet, démonstrasi sampun wonten wiwit 10 Maret. (Kompas)

12 - Lazare Ponticelli, veteran pungkasan Prancis Perang Donya I, kawiyosan Italia, séda ing Le Kremlin-Bicêtre, Prancis mawa yuswa 110 taun.(BBC News)

8 - Koalisi pamaréntah Barisan Nasional menang pemilu parlemen ing Malaysia, nanging gagal nyepeng mayoritas 2/3 ing Dewan Rakyat Malaysia. (BBC News)

2 - Dmitry Medvedev menangaken Pemilihan Umum Presiden ing Rusia. (Telegraph)