Wn/jv/Januari 2008

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Januari 2008

Template:Wn/jv/Gambarberita 31 Januari 2008 - Penyanyi kondhang Amérika Sarékat; Britney Spears mlebet griya sakit déning stress awrat.

27 Januari[edit | edit source]

23 - Dinten Riyadi Galungan kanggé umat Hindu Indonesia ing warsa 1929 Saka.

18 - Pemain catur misuwur Bobby Fischer tilar donya ing Reykjavik, Islandia mawa yuswa 64 taun.(CNN)

Template:Wn/jv/Clear Template:Wn/jv/Gambarberita

15 - Kanggé nanggulangi Krisis Kedhelé Indonésia taun 2008, pamaréntah Indonésia, ngandhapaken béya pajeg impor kedhelé saking 10% dados 0%. (Kompas)


14 - Jèndral Soeharto ugi dipun sowani Sultan Bolkiyah saking Brunei saha mantan PM Malaysia; Mahathir Muhammad.

13 - Mantan Presiden Republik Indonesia, ingkang kawontenanipun taksih kritis, dipun sowani déning mantan Perdana Menteri Singapura Lee Kuan Yew saha bupati Karanganyar, Rini Iryani.

Template:Wn/jv/Gambarberita 12 Januari 2008 - Partai Kuomintang ing Taiwan, menangaken pemilihan parlemen.(ap)

11 - Sir Edmund Hillary— priyayi kapindhah ingkang mènèk Mount Everest lan ingkang kapisan nyetir traktor nglintasi Antartika — séda. Hillary kaanggep salah satunggaling petualang paling ageng ing abad kaping 20. (OkeZone)

10 Warsa énggal miturut pétungan Hijriyah saha Jawi Islam. Sapunika tanggal 1 Sura 1941 AJ utawi 1 Muharram 1429 AJ.

9 Dhalang kondhang Ki Hadi Sugito séda lan dipun-sarèkaken ing Kulonpraga.

Template:Wn/jv/Gambarberita

3 Mantan presiden Republik Indonesia, Jendral Soeharto mlebet griya sakit.

1 Januari[edit | edit source]

  • Warsa énggal dipun-riyayakaken rélatif aman, nanging ing Kuta, Bali, wonten satpam kalih ingkang njagi diskotèk dipun-pejahi déning tiyang ingkang péngin mlebet gratis.
  • Nyarengi warsa énggal sabagéyan wewengkon Jawa Tengah lan Jawa Wétan taksih kebanjiran.