Wn/jv/Ing Prancis ditemokaké kuburan massal saka Perang Donya I

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Ing Prancis ditemokaké kuburan massal saka Perang Donya I
Para wadya-bala Batalyon 53 Australia sing kalibet ing Pertempuran Fromelles

Minggu, 1 Juni 2008

Jenazah 170 tentara Australia sing téwas ing Pertempuran Fromelles wis ditemokaké ing sawijining kuburan massal cedhak kutha Fromelles, Prancis. Kuburan iki dibongkar kanggo njupuk para tentara lan idéntifikasi. Diprakirakaké mbutuhaké wektu 2 minggu kanggo nglakoni aksi iki.

Kuburan massal iki ngamot luwih saka 400 tentara Britania lan Australia. Nanging saiki isih didhiskusèkaké para jenazah tentara Britania arep diapakaké.

Kabèh padha wedi yèn kuburan iki ngamot bom-bom sing durung njeblug, nanging sawisé dipriksa karo alat pamriksa métal, tibakné isiné namung studs métal, benik lan setut.

Tim Whitford, sing mimpin pambongkaran kuburan massal iki, celathu "Yèn para tentara iki diangkat lan diidèntifikasi, sawisé sapantesé menko dikubur manèh sacara militèr. Pangurmatan iki wis ditunggu 90 taun."

Pertempuran iki sing kadadéan nalika 16-20 Juli 1916 iku kakalahan gedhé kanggo Sekutu. Wong Jerman bisa menang. Australia kélangan luwih saka 5.000 serdadu dina iku.

Sumber[edit | edit source]