Wn/jv/2 jet perang Cina tabrakan ing ngangkasa
From Wikimedia Incubator
Rebo, 25 Juni 2008
Loro montor mabur perang Angkatan Udhara Cina tabrakan ing ngangkasa nalika latihan dina Rebo. Loro montor mabur iki tiba ing pamukiman pedunung saceraking ibukutha kawasan Mongolia nJero, Hohhot, watara 400 km sisih kulon Beijing. Durung ana pawarta ngenani kurban jiwa saka pedunung.
Kantor pawarta Xinhua nglapuraké yèn montor mabur sing tabrakan iku montor mabur perang J-8 gawéyan lokal. Pilot saka rong montor mabur mau slamet amarga kasil mlumpat metu kanthi migunaaké parasit saka kokpit.
Loro montor mabur iku asalé saka komandho distrik militèr Shenyang. J-8 arupa montor mabur panyergap sing digawé taun 1960-an, sing nalika iku dimaksudaké kanggo nangkal pambom perang Amérika Sarékat lan Uni Sovyiet.
Pangakon ngenani kacilakan ing awaking militèr Cina iki arang banget ditindakaké. Biasané militèr Cina banget ndadèkaké wewadi marang kadadéyan sarupa.