Wb/jv/Tembang/Macapat/Kinanthi

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Tembang‎ | Macapat
Wb > jv > Tembang > Macapat > Kinanthi

Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume dienggo nggambarake rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang. Ana uga kang nggandhengake kinanthi klawan Maskumambang. Yen maskumambang kanggo wong lanang kang lagi dewasa, kinanthi kanggo wanita.

Metrum[edit | edit source]

Kinanthi kaangit seka nem gatra (larik) saben pada (bait).

  • 8-u
  • 8-i
  • 8-a
  • 8-i
  • 8-a
  • 8-i

Tuladha[edit | edit source]

Tuladha 1[edit | edit source]

Anoman mlumpat sampun
praptêng witing nagasari
mulat mangandhap katingal
wanodyâju kuru aking
gelung rusak awor kisma
ingkang iga-iga kêksi

Tuladha liya[edit | edit source]

Pitik tulak pitik tukung
Tetulake Jabang bayi
Ngedohaken cacing racak
Sarap sawane sumingkir
Si tulak manggung ing ngarso
Si Tukung ngadhangi margi

Pranala jaba[edit | edit source]

Alit
Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung
Tengahan
Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh
Ageng
Girisa