Wb/jv/Tembang/Macapat/Jurudemung

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Tembang‎ | Macapat
Wb > jv > Tembang > Macapat > Jurudemung

Jurudemung iku kalebu tembang sekar madya. Wateké prenèsan lan biyasané dienggo tembang wangsalan utawa sing rada érotis.

Guru wilangan lan guru lagu[edit | edit source]

Saben pada, tembang iki ana pitung gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu :

8a, 8u, 8u, 8a, 8u, 8a, 8u.

Tuladha[edit | edit source]

Tuladha iki dijupuk saka Serat Pranacitra

ni ajeng mring gandhok wétan
wus panggih lan Rara Mendut
alon wijilé kang wuwus
hèh Mendut pamintanira
adhedhasar adol bungkus
wus katur sarta kalilan
déning jeng kyai Tumenggung.

Sumber[edit | edit source]



Pranala jaba[edit | edit source]

Alit
Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung
Tengahan
Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh
Ageng
Girisa