Wb/jv/Tembang/Macapat/Girisa

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Tembang‎ | Macapat
Wb > jv > Tembang > Macapat > Girisa

Girisa iku kalebu tembang sekar ageng jroning macapat. Wateké wanti-wanti.

Guru wilangan lan guru lagu[edit | edit source]

Saben pada, tembang iki ana wolung gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu :

8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a.

Tuladha[edit | edit source]

Tuladha iki dijupuk saka Serat Witaradya anggitan Ki Ranggawarsita.

déné utamaning nata
bèr budi bawa leksana
liré bèr budi mangkana
lila legawa ing driya
agung dènya paring dana
anggeganjar saben dina
liré kang bawa leksana
anetepi pangandika.

Katrangan luwih lanjut[edit | edit source]

Tembung girisa iku sajatiné uga jenengé tembang kakawin girişa. Girişa iku wandané ana 16 lan struktur guru laghu-né kaya ngéné: UUU|UUU|---|--U|UUU|U.

Sumber[edit | edit source]



Pranala jaba[edit | edit source]

Alit
Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung
Tengahan
Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh
Ageng
Girisa