Wb/jv/Tarian Jawa

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv
Wb > jv > Tarian Jawa

Seni Tari Jawa kuwi awujud seni tari kang adi luhung, sakral lan relijius. Tari Jawa akèh jinisé,ing antarané Srimpi, Bedaya, Gambyong, Wireng, Prawirayuda, Wayang-Purwa Mahabarata-Ramayana. Khusus ing Mangkunegaran disebut Tari Langendriyan, kang njupuk saka crita Damarwulan.

Tari kang kawentar ing Kraton Solo antara liya Bedhaya Ketawang lan Srimpi. Miturut kitab Wredhapradhangga kang dianggep pangripta tari Bedhaya Ketawang kuwi panjenengané Sultan Agung (1613-1645) raja kapisan krajan Mataram. Tari Bedhoyo Ketawang ora mung ditampilaké nalika jumenengan nata anyarananging uga saben taun sepisan ing dina jumenengan utawa Tingalan Dalem Jumenengan.

Jenis Tari Bedhaya[edit | edit source]

  • Bedhaya Ketawang suwéné (durasi) tarian 130 menit
  • Bedhaya Pangkur suwéné (durasi) tarian 60 menit
  • Bedhaya Duradasih suwéné (durasi) tarian 60 menit
  • Bedhaya Mangunkarya suwéné (durasi) tarian 60 menit
  • Bedhaya Sinom suwéné (durasi) tarian 60 menit
  • Bedhaya Endhol-endhol suwéné (durasi) tarian 60 menit
  • Bedhaya Gandrungmanis suwéné (durasi) tarian 60 menit
  • Bedhaya Kabor suwéné (durasi) tarian 60 menit
  • Bedhaya Tejanata suwéné (durasi) tarian 60 menit

Bedhaya ketawang[edit | edit source]

Kaistiméwan Tari Bedhaya Ketawang:

  • Pilihan dina latihan lan penampilan saben Selasa Kliwon (Anggara Kasih).
  • Lakuné para penari nalika metu lan mlebu menyang Dalem Ageng tansah ngiteri Sinuhun kanthi arah manengen.
  • Sandhangan para penari lan gendhing / tembang kudu manut paugeran kang ana

Sandhangan penari[edit | edit source]

  • Dodot banguntulak.
  • Lapisan ngisor nganggo cindhé kembang, awarna ungu, lengkap nganggo pendhing bermata lan bunta.
  • Riasan pasuryan kaya riasan temanten putri.
  • Sanggul bokor mengkureb lengkap kanthi perhiasan-perhiasané, kang dumadi saka: centhung, garudha mungkur, sisir jeram saajar, cundhuk mentul lan ngango tiba dhadha (untaian rangkaian kembang kang digantungaké ing dada bagian tengen).

Tembang lan Gamelan[edit | edit source]

  • Tembang kang dialunaké para swarawati nggambaraké rayuan kang bisa nuwuhaké rasa birahi.
  • Gamelan kang dipigunakaké arupa gemelan laras pelog, tanpa keprak

Rakitan penari[edit | edit source]

  • Rakitan tari lan jeneng paragané béda-béda. Ing larikan ngarep para penari lungguh lan njogèd kanthi urutan kaya mangkéné:
    • Batak
    • Endhel ajeg
    • Endhel weton
    • Apit ngarep
    • Apit mburi
    • Apit meneg
    • Gulu
    • Dhada
    • Boncit

Jroning mbeksa mesthi waé urutané ora tetep nanging owah-owah miturut adegané, nanging ana ing panutup tari banjur lungguh manèh jèjèr telu-telu. Sawisé kuwi iring-iringan mlebu menyang Dalem Ageng, uga kanthi ngiteri sakiwané Sinuhun.

Srimpi[edit | edit source]

Saliyanén tarian kang sakral mau Kraton Kasunanan/Pakubuwono uga nyiptakaké tarian liya kayata Tari Srimpi, yaiku tarian kang nggambaraké perang tanding loro satria.

Jinis Tari Srimpi[edit | edit source]

  • Srimpi padelori
  • Andong-andong
  • Arjuno Mangsah
  • Dhempel Sangopati
  • Elo-elo
  • Dempel
  • Gambir sawit
  • Muncar
  • Gandokusumo
  • Srimpi lobong

Tari Jawa Modhèrn[edit | edit source]

  • Tari Golèk
  • Tari Bondhan
  • Tari Kelana Topeng
  • Tari Gambiranom
  • Tari Gagrag anyar

Wacan[edit | edit source]

Pranala njaba[edit | edit source]