Wb/jv/Resèp/Dhawet

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Resèp
Wb > jv > Resèp > Dhawet

Ès Céndhol utawa es dhawet kuwi ombènan kang misuwur ing tanah Jawa, nanging ing dhaérah siji lan sijiné béda-béda bahan lan cara panggawéné. Semono uga jeneng lan jinisé uga akèh banget, kayata dhawet ayu, dhawet tepung beras, dhawet tepung hungkwé, céndhol lidah buaya lsp. Ing ngisor iki kapacak conto salah siji resèp cara panggawéné dhawet kang bahané saka glepung beras lan glepung hungkwé.

Es Cendol / Dhawet Glepung Beras[edit | edit source]

Bahan Céndhol[edit | edit source]

  • 125 g glepung beras
  • 50 g glepung sagu
  • 75 ml banyu peresan godhong suji
  • 450 ml banyu
  • 2 sdm banyu enjet (kapur sirih)

Bahan liya[edit | edit source]

  • 200 g gula abang, sisir
  • 100 ml banyu
  • 500 ml santen, godhog
  • 6 mata nangka, buang wijiné, potong cilik-cilik
  • Uyah sacukupé

Cara masak[edit | edit source]

  • Udhek glepung nganggo banyu. Godhog sisa banyu karo banyu enjet, banyu peresan godhong suji lan uyah nganti umob. Cemplungké larutan glepung, udhek nganti kenthel. Entas.
  • Siapké ayakan dhawet, dèlèh sandhuwuring baskom isi banyu ès. Sok-ké adonan panas disokké ing ayakan banjur dipenet-penet nganti dadi butiran-butiran dawa.

Tiriské.

  • Godhog gula lan banyu nganti gula larut. Angkat, saring lan diumbarké nganti adhem.
  • Penyajian: Isèkké sirup gula jroning gelas-gelas saji, wènèhi céndhol, nangka, lan santen. Tambahké ès batu. Siap disuguhké.
  • Kanggo 10 gelas


Ès Cendhol / Dhawet Glepung Hunkwé[edit | edit source]

Bahan[edit | edit source]

  • 100 gr glepung hunkwe
  • 50 gr glepung beras
  • 100 ml banyu peresan godhong pandan lan suji
  • 600 ml banyu
  • 1 sdt uyah
  • 5 bh daging nangka, potong-potong
  • 100 gr tapé ketan ireng
  • ès batu, sacukupé

Saus gula abang (godhog, saring):[edit | edit source]

  • 500 gr gula abang
  • 100 gr gula pasir
  • 200 ml banyu
  • 3 lbr godhong pandan

Kuah santen (godhog)[edit | edit source]

  • 1500 ml santen
  • 1 sdt uyah
  • 2 lbr godhong pandan

Cara masak[edit | edit source]

  • Campur glepung hunkwe, glepung beras, banyu godhong suji, banyu, lan uyah, aduk rata banjur masak sinambi diudhek nganti adonan mateng lan meletup-letup.
  • Siapké banyu mateng jroning wadhah, banjur dèlèhké ayakan céndhol ing dhuwuré.

Sok-ké adonan panas disokké ing ayakan banjur dipenet-penet nganti dadi butiran-butiran dawa.

  • Suguhké céndhol nganggo saus gula abang, saus santen, lan ès batu.
  • Kanggo wong 8