Wb/jv/Kentrung

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv
Wb > jv > Kentrung

Kentrung kuwi awujud tontonan tradhisional seni tutur utawa lisan arupa crita-crita kang ngandhut pituduh urip lan moral, diiringi nganggo tetabuhan terbang utawa rebana. Seni iki sumebar ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wétan, utamané ing dhaérah Purwadadi, Blora, lan Tuban. Diarani kentrung awit swara tetabuhané pancèn muni "trung - trung - trung". Ing Kabupaten Blora, seni kentrung wis dikenal wiwit taun 1915.

Lakon Kentrung[edit | edit source]

Crita kang dituturaké arupa hikayat para Nabi Islam, hikayat Amir Hamzah utawa crita "Seribu satu malam". Saliyané hikayat kuwi, uga dicritakaké lakon babad tanah Jawa lan crita rakyat kaya Menakjingga, Jaka Tarub, Blacang Nggila lan Putri Gumeng. Ing jaman biyèn, tontonan iki bisa nganti sawengi muput, nanging saiki wis dicendhakaké dadi 3 nganti 5 jam waé. Jaman saiki nasib seni kentrung wis mutawatiri banget, awit kélangan generasi penerus.

Wacan[edit | edit source]

Pranala njaba[edit | edit source]