Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Tembung ing Basa Jawa/Tembung saroja

From Wikimedia Incubator

Tembung saroja iku tembung kang rinakit seka rong (2) tembung kang (mèh) padha tegesé lan bisa nuwuhaké arti kang luwih teges. Bisa uga artiné perkara kang ana sesambungane, bisa uga kahanan kang mbangetaké.

Tuladhané:

sato kéwan = perkara kéwan

Sato lan kèwan iku ngemu surasa kang padha, yaiku kéwan. Ing tembung sato kéwan surasané bisa kagunaaké kanthi teges kéwan utawa sambubarang kang magepokan karo kéwan.

ayem tentrem = tentrem tenan.

Ayem iku kahanan tidhem ing njero ati, déné yèn tembung tentrem luwih asring kagunaké kanggo kahanan swasana. Tembung ayem tentrem bisa nduwé teges kahanan kang tentremé linuwih.

tepa tuladha = tuladha.

Tepa lan tuladha iku artiné padha, yaiku sawijining kahanan/barang/manungsa kang bisa ditiru, umumé digunaaké kanggo samubarang sing bisa ditiru kabecikaané. Tembung tepa tuladha mung ngemu surasa sing padha yèn tembung mau dipisah. Ewadéné, tembung tepa arang kagunaaké kepisah karo tuladha.

colong jupuk = perkara nyolong utawa kagiatan nyolong.

Colong iku tegese njupuk sing dudu darbèké, déné tembung jupuk iku ngangkat barang seka asalé. Tembung jupuk banjur manunggal marang colong kang tegesé dadi perkara njupuk duwèké wong liya, utawa nyolong.