Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Tembung ing Basa Jawa/Ngrakit tembung andhahan

From Wikimedia Incubator
Wb > jv > Kawruh Basa Jawa > Tembung ing Basa Jawa > Ngrakit tembung andhahan

Kaya déné basa Indonesia, basa Jawa uga migunaaké ater-ater, sisipan, lan panambang. Tumrap paugeran kang digunaaké wis kababar "Ejaan Bahasa Jawa tahun 1991." Éwasemana, isih akèh sing durung mangerti marang paugeran baku iki.

Basa Jawa modern sing saiki kanggo pocapan padinan uga isih nganggo ater-ater, sisipan, lan panambang seka basa Jawa sadurungé (basa Jawa anyar, tengahan, lan kuno).

Ater-Ater[edit | edit source]

Ater-ater iku pocapan tambahan kang ana ing ngarep tembung lingga. Ater-ater iki ing antarané:

  • Hanuswara (n, ny, m, ng)
  • Tripurusa (tak, ko, di)
  • Sa, pa, pi, pra, tar, ka, kuma, kapi, kami, a, ma, pan, pang, lan sapanunggalané

Ater-ater iki manéka warna maknané yèn wis dirakit karo tembung-tembung lingga utawa tembung andhahan liyané.

  1. N