Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Rakitan Ukara/Panyandra

From Wikimedia Incubator

Panyandra iku digunaaké kanggo pepindhan. Tembung candra nduwé teges rembulan. Ananging lakuné jaman, candra uga dienggo kanggo pepindhan marang sawijining kahanan kang mèmper karo kanyatan.

Tuladha:

  • Alisé nanggal sepisan : alisé kaya rembulan ing tanggal siji, mlengkung cilik.
  • Astané : nggandewa gadhing
  • Athi-athiné : ngudhup turi
  • Awaké : ramping
  • Bangkèkané nawon kemit : bangkèkané kaya prajurit tawon.
  • Bathuké : nyela cendhane
  • Bokongé : manjang ngilang
  • Brengosé : nglaler menclok, nguler keket
  • Cahyané : ngalentrih, sumunu, sumunar
  • Dedegé : ngringin sungsang
  • Drijiné mucuk eri : drijiné kaya eri sing lancip-lancip.
  • Esemé : pahit madu, kaya madu, pinastika
  • Godheké : simbar rumembun
  • Guluné : ngolan-olan, ngelung gadung
  • Idepé : tumenga ing tawang
  • Irungé : mbangir, kencana pinantar, ngudup mlati
  • Jangkahé : njalak njrinjing
  • Jempolané : ngendas ula
  • Kempolé : ngembang pudhak, nyikil/nyutang walang
  • Lakuné : mager timun, macan luwe
  • Lambehané : mblarak sempal (kaya blarak sing sempal kena angin), merak kasimpir, nyigar jambe
  • Lambené : nggula satemplik, manggis karengat
  • Lengene : nggandhewa pinentang
  • Matané / mripate : ndamar kanginan (kaya damar (diyan) sing kena angin, riyip-riyip.), blalak-blalak, bawang sabungkul
  • Netrané : liyep alindri
  • Pakulitané : ireng manis, ngulit langsep
  • Pamuluné : prada binabar, ambengle kiris
  • Pawakané : ramping, gagah pidegsa
  • Pipiné : duren sajuring
  • Polatané : ruruh jatmika
  • Praené : sumunar
  • Pundhaké : nraju emas
  • Pupuné : mukang gangsir
  • Rambuté : ngembang bakung, ngandan-andan
  • Sinomé : mbibis mabur, micis wuncar
  • Slirané : sedhet singset
  • Solahé : merak ati
  • Susuné : nyengkir gading
  • Swarané : ngombak banyu
  • Tangané : nggendewa pinentang
  • Tungkaké : bunder lir jinangka
  • Untuné : miji timun (tumata rata kaya wiji-wiji timun), ngelar kombang