Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Dhialèk/Dhialèk Blora/Émba-émba mancing

From Wikimedia Incubator
Wb > jv > Kawruh Basa Jawa > Dhialèk > Dhialèk Blora > Émba-émba mancing
< Wb‎ | jv‎ | Kawruh Basa Jawa‎ | Dhialèk‎ | Dhialèk Blora
Jump to: navigation, search

Wis limang tahun iki Paimin ngalèh saka Kunduran, manggon nèng Kaliwangan, kidul Kali Lusi. Paimin kuwi klebu wong sing temen, mula usahane enjoh maju. Biyèn mung nduwé kios rokok, saiki wis dadi warung sing dodolan sembarang kalir. Sak ploké bebojoan karo Suminem, Paimin wis diparingi momongan loro, yakuwi sing mbarep jenengé Mariyun dan adiné Maridjan. Kelakuané bocah loro iku bedané jan kaya bumi karo langit. Mariyun mbedhige ora ilok, senengane mblojèt othé-othé, mlincur, nggudag layangan, pènèkan wit nganti penthit, mbendino senengané njajan waé. Mboké sing nyenèni wis entèk ngamek kurang golèk, ning njegidheg ae émba-émba ora krungu. Béda karo adine, pethelé ora jamak, jibles karo pakane. Esuk uthuk-uthuk dhèke wis tangi, nimba ngisèni jeding. Ning sekolahan pinteré por, nèk kon itung-itungan ancèn baut tenan. Mbendina mbontot sega sak ngombéne dadi nèk lesu utawa ketelak utawa ngorong gak usah njajan, idep-idep ngirit. Wis pirang-pirang dina iki Suminem kétok aras-arasen wae, kepengine mangan sing seger-seger. Sambi dadèk geni Suminem celathu: “Kang, aku kok kemecer iwak wader, mbok pancingna ning kali kono to Kang?” Paimin sing lagèk nata gendul setrup nyauri : “Kowe kuwi kok aèng-aèng to Neeem Nem, aku jan ora ndunung tenan, lha lah opo lèh thik keplaur mbok kon mancing barang, lha karèk tuku ning pasar rak wis bar!” “Iwak pancinganmu rak luwèh énak lèh kang, sak jeg jumleg aku rak gung tau ngrasakna? Batine Paimin : waduh lagèk ndenger aku… sajake nyidam maneh cah iki! Senajan rodok aras2en Paimin ndang gagé nyangking joran pancing, kepis lan capilé, terus mak gregah njenggirat gito-gito budhal nèng kali, karepe bèn seneng atine Suminem, geganthilaning atiné. Nanging bareng wis genep sejam pancingé ora disénggol iwak, Paimin wiwit nggondhik lan gak sabaran. Mulané terus éntuk akal nèk jan-jané luwih énak lungo nèng pasar aé tuku iwak, nanging engko emba-emba entuk iwak olèhé mancing dhéwé. Tekan ngomah Paimin bengok-bengok: “Iki lho Nem, iwakem, wis lemu-lemu tur sisike gilap. Rejekiem ancèn apik tenan lho..!!” “Matur kesuwun yo kang, iki maeng mancing nèng pasar??” Suminem takon sambi mèsam-mèsem. “Lho.. lèh ku mancang .. éé .. mancing tenan lho Nem” jawabé Paimin rodok kamisosolen amerga dheg-dhegan wedhi konangan gérohé. Suminten ndang gagé marani bojone sing di tresnani iku, terus ngrangkul kanthi bisik-bisik: “Wis ah kang, gak papa.. aku wis marem mbok pancingna.. aku mau jané rak saka pasar arep tuku iwak, ning bareng weruh awakmu lagi tuku iwak aku terus bablas mulèh”

Kosa kata :

Ancèn=memang Anggak = sombong Aeng = aneh Angil = sulit banget Anjor = menurun Barang = segala (?) Baut = ahli Berok-berok = teriak-teriak Blas ketiplas = sama sekali tidak Brukut = tertutup rapat Engko=nanti Enjoh = tidak bisa Gecel = pijat Geget = heboh Géroh = bohong Gung = belum Èmba-émba = pura-pura Entek ngamèk kurang golek = habis-habisan Idep = peduli (ra idep = tidak peduli ) Idep-idep = sekalian Ilok = normal Jamak = normal Jeding = bak mandi Jiblès = persis Lodhok = longgar Kalir = barang, benda Karèk = tinggal Kemecer = Ingin banget Keplaur = Niat amat Ketelak = haus Kétok = kelihatan Klenggut = tertarik (?) Kon = kongkon=suruh Maeng = tadi Marik-marik = kemana-mana Mbedhig = nakal Mbeler = nakal Mengangah= membara Mblojèt = tidak pakai baju Mbontot = bawa bekal Mlincur - membolos Mlocot = luka bakar Morak-marik = berantakan Mulèh=pulang Ndang gagé=cepat-cepat Ndenger = ngerti=tahu Ndunung = ngerti (ngeh) Ngorong = haus Nggadheg = berharga Nggeng = tahan Nggondik = jengkel Nggudag = mengejar Ndak iya = masak iya Ngantèk = sampai Ngalèh = pindah Nyidam = ngidam Rangah = kuat (untuk gigi) Pethel = rajin Penthit = tinggi sekali Por = hebat Rodok=agak Sak jeg jumleg = seumur-umur Sakploké = Selama Sediluk = Sebentar Setrup = sirup Thérék-thérék = berderet-deret Temen = jujur, pekerja keras Uthuk-uthuk = pagi sekali

Deleng uga[edit]