Wb/jv/Kalèndher Jawa/Sengkalan

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Kalèndher Jawa
Wb > jv > Kalèndher Jawa > Sengkalan

Candrasangkala utawa Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara. Panulisan titi mangsa iki asring kagunakaké ing Sastra Jawa Kuna lan Tengahan. Cara macané kanthi diwalik. Tuladha: Sirna ilang krětaning bumi, yen diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1. Diwalik banjur dadi 1400. Tembung “sengkalan”, asalé saka tembung “saka” lan “kala”. Saka utawa çaka iku jenengé bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu. Sakakala yaiku kalané ana ratu golongan çaka kang jumeneng nata ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku wiwitané tahun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 Masèhi. Mungguh kang dikarepaké “sengkalan”, yaiku unèn-unèn sing nduwèni teges angkaning taun. Ing jaman biyèn sing kanggo pétungan ing Tanah Jawa iku taun Saka. Nanging saiki ana sing migunakaké taun rembulan utawa taun candra, yaiku pétungan sing sasiné manut lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”. Sengkala kang adhedhasar taun srengéngé, banjur diarani: “Suryasengkala”

Werna-werna sengkalan[edit | edit source]

Miturut wujudé[edit | edit source]

Miturut wujudé, sengkalan kuwi ana rong werna yakuwi:

Miturut jinisé[edit | edit source]

Miturut jinisé sengkalan dipérang dadi telu, yakuwi:

  • Sengkalan lamba, yakuwi sengkalan sing migunakaké tembung-tembung sing prasaja. Tuladha: Buta (5) lima (5) naga (8) siji (1), dadi angkané 5581 lan tegesé taun 1855.
  • Sengkalan miring, yakuwi sengkalan sing migunakaké tembung-tembung miring saka watek sengkalan lamba. Tuladha: Lungiding Wasita Ambuka Bawana (1975).
    • Tembung "lungid" maknané "landhep", sing dikarepaké landheping "gaman". Gaman duwé watek 5.
    • Tembung "wasita" maknané "pitutur jati", pitutur iku ana gegayutané karo resi, wiku utawa pandhita sing nduwé watek 7.
    • Tembung "Ambuka", sing dikarepaké "lawang" utawa "gapura" sing nduwé watek 9.
    • Tembung "Bawana", sing dikarepaké "bumi" sing nduwé watek 1.
  • Sengkalan memet, yakuwi sengkalan sing digawé ora nganggo ukra nanging awujud gambar, reca, candhi, gedhong lan sapanunggalané. Tuladha: Dik (buta) gajah tinunggangan jalma, maknané 1785 (buta=5, gajah=8, tinunggangan=7, jalma=1).

Tembung lan watek wantuné[edit | edit source]

  1. Tembung sing nduwèni watek 1 yakuwi: Tunggal, Siji, Nyawiji, Gusti, Sujanma, Jalma, Wong, Semèdi, Nabi, Rupa, Maha, Iku, Rat, Jagad, Bumi, Bawana, Surya, Candra, Kartika, Urip, Wani, Putra, Tyas, Kalbu, Wardaya. Raja, Ratu, Narpa. .
  2. Tembung sing nduwèni watek 2 yakuwi: Kalih, Dwi, Asta, Nembah, Nyembah, Nétra,Caksu, Soca, Pandulu, Tingal, Paningal, Kembar, Myat, Swiwi, Peksi, Paksi, Paksa, Sikara, Dresthi, Kanthi, Apasang, Sungu, Talingan, Karna. .
  3. Tembung sing nduwèni watek 3 yakuwi; Tiga, Tri, Bahni, Geni, Agni, Ujwala, Murub, Urub, Dahana, Payudhan, Yudha, Perang, Kaya, Kadya, Kadi, Bentèr, Kawruh, Guna, Wédha, Naut, Teken, Pawaka, Rananggana, Brama. .
  4. Tembung sing nduwèni watek 4 yakuwi: Papat, Pat, Catur, Wahana, Warih, Dadya, Kéblat, Suci, Wening, Nadi, Toya, Jaladri, Samodra, Tasik, Sindu, Marta, Karta, Masuh, Segara. .
  5. Tembung sing nduwèni watek 5 yakuwi; Lima, Gangsal, Panca, Pandawa, Wisik, Gati, Indriya, Parastra, Gaman, Panah, Pusaka, Lungid, Landhep, Guling, Diyu, Dik, Buta, Yaksa, Raseksa, Raseksi, Wil, Galak, Tata, Maruta, Bayu, Samirana, Angin, Marga. .
  6. Tembung sing nduwèni watek 6 yakuwi: Nem, Sad, Rasa, Hartati, Sarkara, Tikta, Obah, Oyag, Kayu, Wreksa, Prabatang, Lindhu, Mangsa, Naya, Wayang, Ilat. .
  7. Tembung sing nduwèni watek 7 yakuwi: Pitu, Sapta, Prawata, Giri, Arga, Gunung, Acala, Pandhita, Resi, Wiku, Sogata, Swara, Dwija, Wulang, Mulang, Weling, Wasita, Tunggang, Titihan, Titih, Turangga, Aswa, Kuda, Jaran, Sabda, Muni. .
  8. Tembung sing nduwèni watek 8 yakuwi: Wolu, Astha, Basu, Basuki, Slira, Murti, Bujangga, Pujangga, Manggala, Taksaka, Ula, Naga, Sarpa, Sawer, Dwipa, Bajul, Liman, Dwipangga, Èsthi, Gajah, Dirada, Kunjara, Tanu, Madya. .
  9. Tembung sing nduwèni watek 9 yakuwi: Sanga, Sang, Nawa, Déwa, Dwara, Lawang, Kori, Gapura, Lawang, Wiwara, Ambuka, Gandha, Puspa, Kembang, Kusuma, Bedhah, Muka, Rudra, Gatra, Menga, Mancep. .
  10. Tembung sing nduwèni watek 0 yakuwi: Ilang, Musna, Sirna, Nir, Murca, Mlethik, Langit, Akasa, Wyat, Tawang, Kombul, Muluk, Nenga, Luhur, Duwur, Adoh, Swarga, Tanpa, Tan, Swuh, Suda, Windu.

Pranala jaba[edit | edit source]