Wb/jv/Hindhu

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv
Wb > jv > Hindhu
Lambang Aum, lambang suci Agama Hindhu

Agama Hindhu iku uga dikenal kanthi sesebutan Sanātana Dharma ("Pepener Langgeng") lan Vaidika-Dharma ("Ngèlmu kang Bener") mujudaké salah sijining agama donya. Agama iki terusané agama Weda (Brahmanisme) sing dadi kapercayané bangsa Indo-Iran (Arya). Dinuga, agama iki wiwit ana antara tahun 3.102 -1.300 SM. Yèn dideleng seka akèhé umat, Hindhu ana ing urutan telu sawisé Kristen lan Islam.

Saliyané ing Bali lan Lombok, ing Tanah Jawa panganuté agama iki uga akèh, utamané ing Tengger, Kabupaten Banyuwangi lan akèh tlatah ing Jawa Tengah.

Kitab suci utama umat Hindu iku Caturwéda sing kabangun saka Rgwéda, Samawéda, Yajurwéda lan Atharwawéda.